label
int64
0
3
text
stringlengths
11
161
0
Jamune wes diadon-adoni mrica, madu lan endhog.
2
Jampinipun sampun dipunaben-abeni mrica, madu lan tigan.
0
Kae, embah lanang dikon adus dhisik!
1
Kae, eyang kakung diaturi siram dhisik!
2
Menika, embah jaler dipunken adus rumiyin!
3
Menika, eyang kakung dipunaturi siram rumiyin!
0
Neng-na ae!
1
Panjenengan enengake wae!
2
Sampeyan kendelaken kemawon!
3
Panjenengan kendelaken kemawon!
0
Mrenea, age!
2
Sampeyan mriki, enggal!
0
Amarga arep udan, Mas Tana age-age mulih.
2
Amargi badhe jawah, Mas Tana enggal-enggal mantuk.
0
Yen wis wayah bengi, aja lunga dhewekan!
2
Yen sampun wanci dalu, sampun kesah piyambakan!
0
Aja dadi ati, sesuk aku ora teka!
1
Aja dadi panggalih, sesuk adalem ora teka!
2
Sampun dados manah, benjing-enjing kula boten dhateng!
3
Sampun dados panggalih, benjing-enjing adalem boten dhateng!
0
Mbak Srini mangan pecel ajange pincuk.
1
Mbak Srini dhahar pecel ambenge pincuk.
2
Mbak Srini nedha pecel ajangipun pincuk.
3
Mbak Srini dhahar pecel ambengipun pincuk.
0
Koran-koran iki isih ana ajine, lumpukna!
2
Koran-koran menika taksih wonten aosipun, sampeyan lempakaken!
0
Anoman nggempur gunung nganggo aji Mundri.
2
Anoman nggempur redi ngangge aji Mundri.
0
Lemarine diadhepake mangulon.
2
Lemantunipun dipunajengaken mangilen.
0
Mahasiswa sing arep KKN diadhepake Pak Camat.
2
Mahasiswa ingkang badhe KKN dipunadhepaken Pak Camat.
0
Mbak Tini duwe adhi loro.
1
Mbak Tini kagungan rayi loro.
2
Mbak Tini gadhah adhi kalih.
3
Mbak Tini kagungan rayi kalih.
0
Adhuh, nggonmu njupukake sega kakehen, dielongi sathithik!
2
Adhuh, enggen sampeyan mendhetaken sekul kekathahen, dipunelongi sakedhik!
0
Sambele pedhes banget, aja akeh-akeh anggone njupuk!
2
Sambelipun pedhes sanget, ampun kathah-kathah anggenipun mendhet!
0
Tana akon Pak Parman supaya lungguh sadhela.
1
Tana ngaturi Pak Parman supaya pinarak sadhela.
2
Tana aken Pak Parman supados lenggah sakedhap.
3
Tana ngaturi Pak Parman supados pinarak sakedhap.
0
Pak Parman akon Tana supaya ngancani anake.
1
Pak Parman dhdwuh Tana supaya ngancani putrane.
2
Pak Parman aken Tana supados ngancani anakipun.
3
Pak Parman dhawuh Tana supados ngancani putranipun.
0
Jeng Tini, mau aku ketemu bojomu.
1
Jeng Tini, mau adalem ketemu ingkang garwa.
2
Jeng Tini, wau kula kepanggih semah sampeyan.
3
Jeng Tini, wau adalem kepanggih ingkang garwa.
0
Adhuh, jangane kakean uyah, asin banget!
2
Adhuh, janganipun kekathahen sarem, asin sanget!
0
Sanajan alurane rada adoh, ala-ala,aku iki isih bapa pamanmu
2
Sanajna aluranipun radi tebih, awon-awon kula menika taksih bapa paman sampeyan
0
Sing luput iku akeh, aja mung aku sing dadi alan-alan
2
Ingkang lepat menika kathah, sampun namung kula ingkang dados awon-awonan
0
Bijiku akeh sing wolu utawa sanga, ala-alane pitu
2
Biji kula kathah ingkang wolu utawi sanga, awon-awonipun pitu
0
Aja nganti ana biji lima, supaya ora ngalan-ngalani rapor!
2
Sampun ngantos wonten biji gangsal, supados boten ngawon-awoni rapor!
0
Saala-alane klambiku, ora ana sing suwek.
2
Saawon-awonipun rasukan kula, boten wonten ingkang suwek.
0
Saala-alane omah ing desa kene ya duwekku iki.
2
Sawon-awonipun griya ing dhusun ngriki inggih gadhahan kula menika
0
Yen tanpa alangan, suk dina Minggu aku arep mulih
2
Yen tanpa pambengan benjing dinten Minggu kula badhe mantuk.
0
Kalangan adu jago ing desaku digroyok polisi.
2
Kambengan aben sawung ing dhusun kula dipun-groyok polisi.
0
Daraku sajodho kalangan ing awang-awang.
2
Dara kula sajodho kalangan ing awang-awang.
0
Arep liwat kene kalangan kali, ayo liwat kana wae!
2
Badhe langkung ngriki kapambengna lepen, mangga langkung ngrika kemawon!
0
Adhimu iku alise nanggal sapisan.
1
Ingkang rayi iku imbane nanggal sapisan.
2
Adhi sampeyan menika alisipun nanggal sapisan.
3
Ingkang rayi menika imbanipun nanggal sapisan.
0
Rambutmu ambune kok wangi, nganggo sampo apa?
1
Rikma panjenengan gandane kok wangi, ngagem sampo apa?
2
Rambut sampeyan ambetipun kok wangi, ngangge sampo menapa?
3
Rikma panjenengan gandanipun kok wangi, ngagem sampo menapa?
0
Butane kambon entute Semar gebres-gebres
2
Denawanipun kambetan entutipun Semar gebres-gebres.
0
Awakku rada ndhredheg amarga nganti jam telu durung kambon upa.
2
Badan kula radi ndhredheg amargi ngantos jam tiga dereng kambetan upa.
0
Wah, aku mambu lenga wangi, apa kowe sing nganggo?
2
Wah, kula mambet lisah wangi, menapa sampeyan ingkang ngangge?
0
Jangan kuwi wis mambu, aja dipangan!
2
Jangan menika sampun mambet, sampun dipuntedha!
0
Duwe pakel mung siji, tiwas dadi ambon-ambon.
2
Gadhah pakel namung satunggal, tiwas dados ambet-ambetan.
0
Mangan duren wis saminggu kapungkur, nganti saiki isih ambu-ambunen.
2
Nedha duren sampun saminggu kepengker, ngantos samenika taksih ambet-ambetan.
0
Trasine aja disimpen lemari makan, mundhak ngambon-amboni!
2
Trasinipun sampun dipunsimpen ing lemantun makan, mindhak ngambet-ambeti!
0
Putune wadon dijungkati, dipupuri banjur diambung.
1
Wayahe putri dipethati, ditasiki banjur diaras.
2
Putunipun estri dipunserati, dipunpupuri lajeng dipunambung.
3
Wayahipun putri dipunpethati, dipuntasiki lajeng dipunaras.